cerita jawa lucu terbaru

Minggu wingi, TRIO SMS (Sardot,Mukri,Sodron) mlaku mlaku neng gunung kembar sing terkenal angker

Modal nekat Trio SMS kui mau munggah gunung karo ngowo perlengkapan kemah.

Nang pertengahan dalan..Sardot sing paleng elek dewe antara liane ketemu wong tuek nganggo klambi serba putih, jenggot putih lan rambut putih 

"Wahai pemuda,Ojo sampek kowe lan konco koncomu ngidek kodok kodok openan kuu, nek sampek ngidek, jodohmu Mesti elek"
(wangsite mbah mau)

Amargo wedi, sardot langsung ngejar koncone, nganti ngos ngosan

Sardot cerito Kedadian mau neng konco koncone

Sardot: Heh Cah..Kowe ojo sampek ngidek kodok nang gunung iki, mengko ono kutukan jodoh , Awak'e dewe wes Elek.

Sodron+Mukri: "dot..dot.. ngunu ae kok mok percoyo,Tahayyul iku"

Sampek neng puncak gunung..sardot seneng, soale ora ngidek kodok, tapi Sodron karo Mukri kerep (sering) ngidek kodok..

10 taun sakwise, Trio SMS reunian, acara Makan bersama nang mall, Sardot, Sodron lan Mukri nggowo bojone dewe dewe.

Sardot: "eleng 10 taun mbiyen neng gunung kembar gak Cah..?? kedadian tenan kan kutukan iku? wokwokwok (ngguyu tengu)

Sodron: Opo maksudmu dot..??

Sardot: "Delok'en bojomu Dron,mirip mpok Nori..xixixi...(mesem mermut)

Sodron: Meneng (Ngombe juss)

Sardot: "Delok'en bojomu Kri,mirip mpok Ati..xixixi (ngguyu ngece)

Mukri: " Meneng (Ndilati gelas adahe juss)

Sardot: "Delok'en bojoku,mirip Aura kasih, iki amarga aku ora ngidek kodok blas whehehe.. (ngguyu luwak)

Mukri "iyo..yo.. bener jare sardot yo dron, aku nyesel gak percoyo nang kowe Dot"

Amargo penasaran Sodron takon neng bojone sardot

Sodron: "mbak, sampean kok purun kaleh rencang kulo sing Baguse sak asia tenggara untune ugo gingsul pitu niki? padahal sampean ayu mirip Aura Kasih?"

Juminten: "Anu mas..

.Aku kenek kutukan neng GUNUNG KEMBAR amargo NGIDEK KODOK"

#Sodron lan Mukri ngakak
terus mencolot (lompat) teko
mall sing tingkat 10

Komentar

Postingan Populer